Rabu, 21 Maret 2012

Mangsa Prapaskah: Allah Ngutus Putra Dalem Akarya Slameting Donya

Ngahad, 18 Maret 2012
Waosan Kapisan:
2 Tawarikh 56:14-16.19-23


Nalika samana kabeh para imam kepala lan umat padha murtad, tiru-tiru bangsa manca nindakake piala rupa-rupa. Padaleman suci ing Yerusalem, kang wus disucekake marang Allah padha digawe suker. Bola-bali Pangeran lantaran utusan Dalem paring pepeling, marga ngeman umat lan padaleman Dalem. Nanging para utusan disepelekake, pepelinge ora digugu, lan para nabi digeguyu. Mula dukaning Allah marang umat Dalem wis ora kena dicegah maneh.


Mungsuh teka. Padaleman suci diobong , bentenging Yerusalem digempur, diobrak-abrik lan apa bae sing pangaji dirusak. Lan wong-wong saliyane sing mati dening pedhang padha ditawan lan dibuwang menyang Babilon, ngabdi Nata Nabukodonosor lan putra-putrane, naganti tekan muncule raja-raja Parsi. Kanthi mangkono kaleksanan sabdaning Pangeran lantaran Nabi Yeremias kang muni: "Nganti tanah mau mulyakake dina Sabat maneh, sasuwene pitungpuluh taun padha netepi dina Sabat kanthi sedhih."


Lan ing taun kapisan paprentahe Nata Sirus ing Parsi, amrih kaleksanane sabda Dalem kang diparingake lantaran Nabi Yeremias mau, Gusti Allah ngosikake atine Sirus, raja Parsi, supaya nyebar warta ing saindenging nagara, lesan utawa tulisan kaya ing ngisor iki:
"Mangkene dhawuhe Nata Sirus, raja Parsi: Pangeran Allahing swarga lan donya wus maringake kabeh krajan ing bumi marang aku, lan dhawuh mbangun padaleman suci kagem Panjenengane. Sapa bae kang klebu bangsa mau, mula tinunggalan dening Allah, lan kudu bali menyang Yerusalem."


Makaten sabda Dalem Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar